Pidato Bahasa Jawa Halal Bihalal - pidato center

Pidato Bahasa Jawa Halal Bihalal

Share:
Pidato Bahasa Jawa Halal Bihalal- Setelah menjalani puasa di bulan Ramadhan dan merayakan hari kemenangan Idul Fitri tentu kita merasakan kegembiraan yang penuh dengan kebersaan dengan keluarga, sahabat dan juga teman seperjuangan di sekolah.

Biasanya untuk mengobati rasa rindu kita kepada teman-teman sekolah maupun guru-guru yang pernah mengajari kita, kita mengadakan acara Halal Bihalal untuk mempererat tali silaturahmi. Untuk itu pada kesempatan kali ini saya akan menuliskan pidato bahasa jawa bertajuk Halal Bihalal yang semoga dengan adanya contoh pidato ini sahabat akan lebih mudah dalam berpidato bahasa jawa. Baiklah langsung saja sahabat bisa baca contoh pidatonya di bawah ini.

Contoh Teks Pidato Bahasa Jawa Acara Halal Bihalal


Pembukaan Pidato Halal Bihalal


Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Nuwun, Bapak Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, Bapak Ibu Guru saha karyawan ingkang kula kurmati, sarta para kanca ingkang tansah bagya mulya.
Kanti rahmat sarta barokahipun Allah Ingkang Maha Agung, katitik ing wekdal menika kita sedaya saged makempal manunggal ing wekdal lan ing papan ngriki, kanthi wilujeng kalis nir ing sambekala.

Keparenga kula ingkang pinji minangka wakil saking para siswa, ngaturaken sugeng nyadi, nyuwun pangampunten sedaya kalepatan kula sekanca dhumateng Bapak lan Ibu Guru. Mugi Gusti nampi pangapunten kula lumantar panjenengan sedaya. Gusti Allah mugi nampi amal ibadah kita, tansah ngluberaken karahayon, kabagyan, katentreman, lan keslametan dhateng kita sedaya. Amin

Isi Pidato Halal Bihalal


Mugi-mugi acara Halal Bihalal iki dados sarana nglebur dosa antawisipun sesame, ingkang rumaos lepat mboten kaambali malih ing wekdal candhakipun. Awit kalepatan, dosa, khilaf menika sandhanganipun tiyang gesang, sumangga kita sedaya tepa salira, amrih gesang kita tansah bagya mulya.

Mugi kanthi wontenipun acara menika ngemutaken kita sedaya sageda tansah tumindak ingkang sae dhateng sesame, ajen-ingajenan, tresna-tinresnanan ing antawisipun ingkang mudha dhateng tiyang sepuh, utawi dhateng sesamining para mudha. Adhedhasar tata krama ingkang sae, ndadosaken silaturahmi saged lumampah kanthi lancar.

Wonten tetembung menawi silaturahmi menika saged manjangaken yuswa. Pramila sumangga acara menika saestu nambahi seserepan tumrap kita saengga kita saged gesang ing madyaning bebrayan kanthi sae lan tansah nindakaken silaturahmi kanthi sae dhateng sesame.

Penutup Pidato Halal Bihalal


Cekap semanten atur kula, menawi wonten kaduking wicara saha solah bawa ingkang mboten ndadosaken rena ing penggalih Bapak Ibu Guru, karyawan saha para kanca, kula nyuwun pangaksama. Nuwun.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.


Akhirnya selesai sudah saya menuliskan contoh teks pidato bahasa jawa acara halal bihalal di atas, pidato halal bihalal ini juga sangat cocok untuk adik-adik siswa maupun siswi yang ingin mengadakan acara halal bihalal. Semoga contoh teks pidato ini bermanfaat bagi sahabat dan semoga dengan adanya acara halal bihalal kita semua dapat mempererat tali persaudaraan serta terciptanya masyarakat yang senantiasa mencintai silaturahmi.